Rabu, 26 Mei 2010

MBANGUN SINGASARI

Ing tengah alas urip pawongan kang jeneng Ken Arok. Ken Arok saben dinane penggaweane ngrampok, mbegal, lan tumindak culika liyane. Dhewekke duweni wadya bala kang cacahe ana 6. Ken Arok duwe bojo kang jenenge Ken Umang. Ken Arok duwe guru yaiku romone Ken Umang. Gurune Ken Arok ngongkon Ken Arok dadi prajurite Tunggulametung supaya iso dadi Ratu. Amarga iku Gurune Ken Arok ngongkon Ken Arok dandakno keris ning Empu Gandring. Keris iku kanggo mateni Tunggulametung. Empu Gandring janji keris iku mau dadi sajroning wektu 1 tahun. Lagi 2 sasi keris mau wis di parani Ken Arok ning omahe Empu Gandring. Empu gandring ora gelem ngewehno keris mau amargakerise durung sempurna, nanging Ken Arok meksa, lan Empu gandring dipateni karo Ken Arok. Empu Gandring Duka lan janji keris mau bakal mateni 7 tutunane Ken Arok. Ken Arok dadi prajurite Tunggulametung lan tresna karo garwane Tunggulametung yoiku Ken Dedes. Ken Dedes pada tresna karo Ken Arok. Ning Kerajaane Tunggulametung ana pawonana yaiku Kebo Iji. Kebo Ijo senebgabe pamer. Ken Arok menehi keris mau lan Kebo Ijomamerno sak Kerajaan. Banjur Kebo Ijo turu keris mau dicolong Ken Arok kanggo mateni Tunggulametung. Wong sak kerajaan nyalahno Kebo Ijo. Kebo Ijo dipateni karo Ken Arok. Ken Arok dadi pemimpin ning kerajaan iku. Kerajaan iku dijenengake Singasari. Ken Arok kawin karo Ken Dedes, lan Ken Umang dadi selir.

LAYANG ULEM

Assalamualaikum Wr. Wb.

Kanthi nyenyuwu sih rahmatipun Gusti Allah SWT saha angganjaran wilujeng ing samudayanipun kula badhe ngawontenaken tasyakuran dhaupipun anak kula inggih punika :

Melisa Anggraini Nughraha
Putri Bpk. Nugraha Pati


Kaliyan


Muhammad Taka Sutedjo
Putra Bpk. Sutedjo, Winong Pati

Ingkang badhe dianakkaken benjing:

Dinten : Sabtu Legi
Tanggal : 8 Mei 2010
Wekdal : Tabuh 11.00 – 13.00
Panggenan : Hotel Pati

Ing wasana menggah kepareng rawuh panjenengan sekaliyan kula ngaturaken agunging panuwun.

Wassalamualaikum Wr. Wb.


Saking Kula

NUGRAHA - ENY

LAYANG DINAS

ORGANISASI SISWA INTRA SEKOLAH
SMP NEGERI 3 PATI
Jln. Kol. R. Sugiyono No. 17 Pati


No : 04/ OSIS / V / 10 6 Mei 2010
Bab : Ulem

Kagem Wali Murid
Kelas IX
Ing dalem

Salam taklim,
Panjenengan kula aturi rawuh wonten Perpisahan Kelas IX SMPN 3 Pati ingkang badhe dipun wontenaken :

dinten / tanggal : Sabtu, 8 Mei 2010
wekdal : Tabuh 08.00 – rampung
panggenan : Gedung Korpri Pati
wigatos : Perpisaha Kelas IX SMPN 3 Pati

Saking kawigtosan panjenengan, kula aturaken matur nuwun.




Taklim Kula,
Ketua OSIS Pembina OSIS



Zaenuri Umam Dra. Etty

Kepala Sekolah



Saryono, S.Pd, M.M

Rabu, 20 Januari 2010

Pidato Basa Jawa

Assalamualaikum Warrohmatulahi Wabarokatu,
Puji syukur kula panjataken dening Allah swt, sahingga kula kalian panjenengan sedaya saged kembal wonten acara menika inggih menika acara Pamitan Haji Pak Amir kalian Bu Amir.
Kula langkong Lurah wonten Dusun Condongcatur makili warga sedaya ngucapaken puji syukur dening gusti sahingga Pak Amir kalian Bu Amir keparing wedal saged tindak Haji wonten tanah suci. Kula namong saged mangayubagyo mugi-mugi keparing sehat, teges waras, rancat widodo, lan dados Haji ingkang mabrur. Amin.
Cekap semanten kula aturaken, mbok bilih ingkang kula aturaken wonten ingkang lepat, kula nyuwun pangapunten.
Wassalamualaikum Warohmatullahi Wabarokatu.

Jumat, 02 Oktober 2009

Nyinau Basa Jawa Kanthi Rasa Seneng

Akeh sing ngomong menawa basa Jawa iku angel. Malah ana uga sing duweni pinemu manowo nyinau basa Jawa iku luwih angel dibandhingake karo nyinau basa manca. Kamngka sing duwe pinemu mau ya wong asli Jawa. Kepriye kok isa ngono? Apa bener basa Jawa iku bener angel? Ngomonge wong-wong tuwa, sakbenere basa Jawa kuwi ora angel. Menawa digawe angel dadi angel tenan. Basa Jawa kaanggep angel amarga ning basa Jawa ana sing diarani undha usuk utawa unggak-ungguhing basa.
Unggah-ungguhing basa mau kaperang dadi papat. Ngoko lugu, ngoko alus, krama lugu lan krama alus. Saka unggah-ungguh basa cacah papat mau sing kaanggep gampang dhewe ya iku ngoko lugu. Basa ngoko lugu akeh digunaake ing bebrayan Jawa, digunaake kanggo ngomo wong tuwa tumprap wong enom utawa anak, ugo kanggo guneman bocah karo bocah, utawa wong tuwa tumprap wong tuwa sing wis raket srawunge.
Dene unggah-ungguh basa sing kaanggep angel ya iku basa krama alus, amarga kudu akeh ngapalna tembung-tembung, khususe tembung sing kanggo ngajeni karo wong tuwa. Babagan undha-usuk utawa unggah-ungguhing basa mau tumprap para sisa isa disinauni ing sakjerone piwulang basa Jawa ing sekolahan.
Wiwit ana Keputusan Gubernur Jawa Nomer 895.5/01/2005 ngenani kurikulum basa Jawa, basa Jawa terus dadi wulangan wajib sing diwenehake ing sekolahan-sekolahan wiwit kelas SD (Sekolah Dasar) nganti tekan SMA (Sekolah Menengah Atas). Sakdurung ana keputusan gubernur mau, wulangan basa Jawa mung kanggo genep-genepan, nanging diulangake ing kelas SD nganti SMP. Sakiki basa Jawa wiwit entuk kasempatan ing luwih apik, muga-muga wae isa njalari basa Jawa dadi luweh ngrembaka, ora ajeg mrehatinno.
Akeh para wong pinter basa sing padha ngomong menawa sejatine sing njalari basa Jawa dadi mrehatinno iku ora liya ya wong Jawa dhewe. Sabagian gedhe wong Jawa ora ngulinakno nganggo basa Jawa ing urip sakdinane. Alasane menawa basa Jawa ora praktis, kurang komunukatif, lan liya-liyane. Nyatane wektu iki akeh kulawarga-kulawarga Jawa anggone padha ngajari anakke ora nganggo basa Jawa. Utamane ibu-ibu, sanadyan asli wong Jawa, nanging kaya-kaya wis padha kelalen karo basa Jawa. Buktine nalika duwe anak, wiwit lair anakke wis dikulinaake nganggo basa Indonesia. Babar pisan ora dikulinaake ngomong basa Jawa.
Dadi bocah-bocah padha ora dhong karo basa Jawa. Apa maneh unggah-ungguhe. Sabagiyan ibu-ibu mau padha ngomong menawa ing jaman teknologi sarwa maju iki basa Jawa ora pati perlu lan maneh saiki umume padha nganggo basa Indonesia. Mulane milih nganggo basa Indonesia wae sing ngomonge luwih gampang. Pinemu mau ana benere nanging uga akeh lupute. Wis dimangerteni wong akeh menawa basa Jawa iku ora mung bisa kanggo pasrawungan bae. Luwih saka kuwi basa Jawa uga bisa kanggo nggulawenthah babagan tatakrama, sopan santun, lan budi pekerti kanggo para bocah.
Kanthi ngulinakno nganggo basa Jawa, supaya para putra mau bisa luwih duweni tatakrama sing apik lumantar unggah-ungguhe basa. Basa Jawa iku tetep duweni keapikan menawa katandhingna karo basa liyane. Matur nuwun Minangka tuladha, aku tau maca sawijining rubrik pendhidhikan ing surat kabar Jayabaya, sing nyebutno manawa tembung-tembung ing basa Jawa iku apik-apik. Lagi anggone ngunekno wae beda karo tembung-tembung ing basa liyane. Umpamane tembung ”matur nuwun” anggone ngunekno mesthi kanthi alon-alon. Beda karo anggone ngunekno tembung thank You, terima kasih, kamsia, sing bisa diunekno kanthi banter utawa sora. Basa Jawa bisa disinauni nganggo cara sing warna-warna, kaya sing isih padha taklakoni. Cara-cara mau upamane, bisa sinau lumantar buku-buku basa Jawa ing sekolahan, mligi para siswa, manawa ketemu bab-bab sing ora cetha kudu wani takon karo bapak utawa ibu guru basa Jawa.
Kanggo sing durung ngerti, surat kabar lan majalah basa Jawa iku isine werna-werna, wiwit dongeng kanggo para bocah, kabudayan, kasusastran, tekan paramasastra ana kabeh. Kanthi keren maca wacan basa Jawa mau ora krasa ngelmu awake dhewe bab basa Jawa bisa tambah. Sakwise seneng maca, manawa ketemu bab-bab sing kurang cetha, bisa takon karo wong-wong tuwa sing pancen ngerti tenan bab basa lan kabudayan Jawa, lumprahe wong-wong tuwa mau bener-bener ngerti temenen. Sakteruse, perkara kasil lan orane anggone nyinau basa Jawa mau gumantung saka awake dhewe-dhewe. Sing penting, sakdurunge wiwit nyinau basa Jawa luwih dhisik kudu duwe niyat sing kuat kanthi dhidhasari rasa seneng karo basa Jawa. Nglakoni penggawean apa wae menawa dhidhasari rasa seneng lumprahe mesthi dadekno asil sing apik lan nyenengno. Luwih becik minangka wong sing wis dikodratno dadi wong Jawa ayo padha duweni rasa seneng karo basa Jawa. Sapa maneh sing kudu nyenengi menawa ora wong Jawa dhewe. Ya aku lan kuwe kabeh.

Minggu, 26 Juli 2009

SALOKA

1. Andaka Atawan Wisaya : Wong kang kena prakara banjur minggat amarga duwe pangira bakal kalah prakarane.
Kula kagungan tanggi asmanipun Lek Jarwo. Lek Jarwo punika durjana. Wonten ing salah setunggaling dinten Lek Jarwo durjana lampu neon . Lek Jarwo katudhuk kalian tiyang – tiyang banjur Lek Jarwo dipun gebugi kalian tiyang – tiyang, banjur Lek Jarwo minggat.

2. Abang - Abang Lambe : Guneme mung lamis.
Kancaku Kiki remenipun sanjang lek Kiki kagungan omah ageng teng kutho. Padhahal Kiki mung ngapusi.

3. Anirna Patra : Ngungkiri tulisane dhewe.
Wektu kula kelas 3, kula kagungan kanca asmanipun mama. Saben enjing murid-murid kudu ngisi soal sarapan pagi, ananging ning soal Bahasa Indonesia sampun diisi kalian mama. Padhahal soal punika boten pareng diisi, ananging mama boten ngaku.

4. Aji Godhong Garing : Wis ora ana ajine (asor banget).
Tanggi kula asmanipun Pak Maman. Pak Maman punika tiyang paling sugih wonten dhaerahipun kula. Ananging sakniki tiyang punika radi bangkrut amargi nyalon dados DPRD nanging boten dados. Sak niki Pak maman boten dihurmati malih kalian tiyang-tiyang.

5. Anggendhong Umos : Wong kang ora bisa nyimpen wewadi.
Devi kancakula kagungan kanca asmanipun ninik. Ninik kagungan wewadi, nanging Devi malah nyebaraken wewadi punika.

6. Arep Jamure Emoh Watange : Gelem kepenake ora gelem rekasane.
Adik kula Sasa kepingin sekul goreng, nanging sasa boten purun damel piambak, sagete namung nyuruh-nyuruh pembantu nipun.

7. Anak Polah Bopo Kepradhah : Wong tuwo melu repot amarga tumindake anake.
Tanggaku asmanipun Pak Wawan. Pak Wawan kagungan putra asmanipun Deni. Senenganipun Deni inggih medal wengi, mabuk mabukan. Wonten sawijining dinten Deni tabrakan amarga mabuk. Sak niki sing repot inggih punika wong tuwanipun.

8. Asu Marani Gebuk : Njarag bebaya.
Bakri kancaku wis denger lik ning rattan najeng sekolah kathah motor, naging bakri malh blayon ning ratan sekolah. Pas ana motor bakri ape ditabrak, untung Bakri blaju ning pinggir ratan.

9. Mbarung Sinang : Nyela – nyela wong guneman.
Adikku Sasi senengane nyela – nyela nik ibune ngomong karo wong- wong.

10. Beras Wutah Arang Bali Menyang Takere : Barang kang wis owah ora bakal bali kaya maune.
Dek biyen motorku ilang dicolong maling. Aku lagi ngerti pas aku tangi turu lik motorku ilang. Yo mesthi motorku ora bakal bali menih ning omahku.

11. Becik Ketitik Ala Ketara : Sing becik bakal tinemu, sing ala bakale ketara.
Sari kalian sira kancaku kembar, nanging sari iku olo. Sari seneng mitnah sira lik sira iku sing nakal. Padhahal sira iku sing apik. Nanging sing ala pasthi bakal ketara.

12. Cedhak Celeng Boloten : Cedhak karo wogala bakal katut ala.
Kancaku pipi iku dowo tangan. Sari senengane awor karo pipi. Sakiki sari dadi dowo tangan.

13. Criwis Cawis : Seneng maido nenging ya seneng menehi.
Aku biasane diamuk ibukku amarga aku ora gelem ngiwangi lik aku kesel. Nanging ibukku ijeh gelem gawekno aku teh.

14. Cedhak Kebo Gupak : Sesrawungan karo wong ala bisa melu-melu.
Kancaku pipi iku dowo tangan. Sari senengane awor karo pipi. Sakiki sari dadi dowo tangan.

15. Dahwen Ati Open : Nacad nanging mbenerake wong liya.
Kancaku senengani lik ana wong ala kanda jujur nganti sing dikandani ngamuk. Nanging kancaku ya ngandani apek.

16. Bebek Mungsuh Mliwis : Wong pinter mungsuh pinter, sing siji kalah ubed.
Dek wingi kan ana PEMILU. Ning PEMILU ana debat nganti tukaran. Ning salah sawijining debat mesthi ana sing menang. Yaiku sing pinter nanggapi masalah.

17. Kebo Nusu Gudel : Wong tuwa jaluk warah wong nom.
Tanggaku Bu Ida ora bisa nulis data ning computer. Padahal putranipun sarjana computer, bu Ida nyuwun warah kalian putra nipun.

18. Kempladean Ngajak Sempal : Mitra sing ngajak karusakan.
Dino karo Doni wis kekancan suwe. Nanging Doni senengane tukaran karo Dino. Sak iki Dino karo Doni malah dadi musohan.

19. Tekek Mati Ulone : Wong nemu cilaka jalaran saka guneme dhewe.
Tanggaku jenenge Pak Jaman. Tiyang punika ngendika sesumbar menawi calon kepala dusun ingkang dipun jago mesthi dados. Menawi boten dados piyambak ipun badhe mundur saking BPD. Sak estu calon ipun boten dados.

20. Ana catur mungkur : Ora seneng nyampuri urusane kliyane.
Diah nik weruh kancane lagi nyatur wong liya dhewekke mesthi langsung lunga saka panggonan kuwi.