Jumat, 02 Oktober 2009

Nyinau Basa Jawa Kanthi Rasa Seneng

Akeh sing ngomong menawa basa Jawa iku angel. Malah ana uga sing duweni pinemu manowo nyinau basa Jawa iku luwih angel dibandhingake karo nyinau basa manca. Kamngka sing duwe pinemu mau ya wong asli Jawa. Kepriye kok isa ngono? Apa bener basa Jawa iku bener angel? Ngomonge wong-wong tuwa, sakbenere basa Jawa kuwi ora angel. Menawa digawe angel dadi angel tenan. Basa Jawa kaanggep angel amarga ning basa Jawa ana sing diarani undha usuk utawa unggak-ungguhing basa.
Unggah-ungguhing basa mau kaperang dadi papat. Ngoko lugu, ngoko alus, krama lugu lan krama alus. Saka unggah-ungguh basa cacah papat mau sing kaanggep gampang dhewe ya iku ngoko lugu. Basa ngoko lugu akeh digunaake ing bebrayan Jawa, digunaake kanggo ngomo wong tuwa tumprap wong enom utawa anak, ugo kanggo guneman bocah karo bocah, utawa wong tuwa tumprap wong tuwa sing wis raket srawunge.
Dene unggah-ungguh basa sing kaanggep angel ya iku basa krama alus, amarga kudu akeh ngapalna tembung-tembung, khususe tembung sing kanggo ngajeni karo wong tuwa. Babagan undha-usuk utawa unggah-ungguhing basa mau tumprap para sisa isa disinauni ing sakjerone piwulang basa Jawa ing sekolahan.
Wiwit ana Keputusan Gubernur Jawa Nomer 895.5/01/2005 ngenani kurikulum basa Jawa, basa Jawa terus dadi wulangan wajib sing diwenehake ing sekolahan-sekolahan wiwit kelas SD (Sekolah Dasar) nganti tekan SMA (Sekolah Menengah Atas). Sakdurung ana keputusan gubernur mau, wulangan basa Jawa mung kanggo genep-genepan, nanging diulangake ing kelas SD nganti SMP. Sakiki basa Jawa wiwit entuk kasempatan ing luwih apik, muga-muga wae isa njalari basa Jawa dadi luweh ngrembaka, ora ajeg mrehatinno.
Akeh para wong pinter basa sing padha ngomong menawa sejatine sing njalari basa Jawa dadi mrehatinno iku ora liya ya wong Jawa dhewe. Sabagian gedhe wong Jawa ora ngulinakno nganggo basa Jawa ing urip sakdinane. Alasane menawa basa Jawa ora praktis, kurang komunukatif, lan liya-liyane. Nyatane wektu iki akeh kulawarga-kulawarga Jawa anggone padha ngajari anakke ora nganggo basa Jawa. Utamane ibu-ibu, sanadyan asli wong Jawa, nanging kaya-kaya wis padha kelalen karo basa Jawa. Buktine nalika duwe anak, wiwit lair anakke wis dikulinaake nganggo basa Indonesia. Babar pisan ora dikulinaake ngomong basa Jawa.
Dadi bocah-bocah padha ora dhong karo basa Jawa. Apa maneh unggah-ungguhe. Sabagiyan ibu-ibu mau padha ngomong menawa ing jaman teknologi sarwa maju iki basa Jawa ora pati perlu lan maneh saiki umume padha nganggo basa Indonesia. Mulane milih nganggo basa Indonesia wae sing ngomonge luwih gampang. Pinemu mau ana benere nanging uga akeh lupute. Wis dimangerteni wong akeh menawa basa Jawa iku ora mung bisa kanggo pasrawungan bae. Luwih saka kuwi basa Jawa uga bisa kanggo nggulawenthah babagan tatakrama, sopan santun, lan budi pekerti kanggo para bocah.
Kanthi ngulinakno nganggo basa Jawa, supaya para putra mau bisa luwih duweni tatakrama sing apik lumantar unggah-ungguhe basa. Basa Jawa iku tetep duweni keapikan menawa katandhingna karo basa liyane. Matur nuwun Minangka tuladha, aku tau maca sawijining rubrik pendhidhikan ing surat kabar Jayabaya, sing nyebutno manawa tembung-tembung ing basa Jawa iku apik-apik. Lagi anggone ngunekno wae beda karo tembung-tembung ing basa liyane. Umpamane tembung ”matur nuwun” anggone ngunekno mesthi kanthi alon-alon. Beda karo anggone ngunekno tembung thank You, terima kasih, kamsia, sing bisa diunekno kanthi banter utawa sora. Basa Jawa bisa disinauni nganggo cara sing warna-warna, kaya sing isih padha taklakoni. Cara-cara mau upamane, bisa sinau lumantar buku-buku basa Jawa ing sekolahan, mligi para siswa, manawa ketemu bab-bab sing ora cetha kudu wani takon karo bapak utawa ibu guru basa Jawa.
Kanggo sing durung ngerti, surat kabar lan majalah basa Jawa iku isine werna-werna, wiwit dongeng kanggo para bocah, kabudayan, kasusastran, tekan paramasastra ana kabeh. Kanthi keren maca wacan basa Jawa mau ora krasa ngelmu awake dhewe bab basa Jawa bisa tambah. Sakwise seneng maca, manawa ketemu bab-bab sing kurang cetha, bisa takon karo wong-wong tuwa sing pancen ngerti tenan bab basa lan kabudayan Jawa, lumprahe wong-wong tuwa mau bener-bener ngerti temenen. Sakteruse, perkara kasil lan orane anggone nyinau basa Jawa mau gumantung saka awake dhewe-dhewe. Sing penting, sakdurunge wiwit nyinau basa Jawa luwih dhisik kudu duwe niyat sing kuat kanthi dhidhasari rasa seneng karo basa Jawa. Nglakoni penggawean apa wae menawa dhidhasari rasa seneng lumprahe mesthi dadekno asil sing apik lan nyenengno. Luwih becik minangka wong sing wis dikodratno dadi wong Jawa ayo padha duweni rasa seneng karo basa Jawa. Sapa maneh sing kudu nyenengi menawa ora wong Jawa dhewe. Ya aku lan kuwe kabeh.